Dialek mBlora

Dhialèk Blora iku sawijining dhialèk basa Jawa sing dipituturaké ing Kabupaten Blora lan tlatah sakubengé klebu sawetara tlatah Jawa Wétan sing wewatesan karo Jawa Tengah, utamané ing daérah Padhangan, Bojonegoro. Wilayah Blora pancèn adoh saka punjering Jawa Tengah lan ngrupaaké tapel wates karo wilayah Jawa Wétan mula ora anèh yèn dhialek Blora kuwi ora pati alus kaya basa Jawa sing apunjer ing Solo lan Ngayogyakarta. Sakliyané kena pengaruh geografis arupa tlatah pesisir, perkembangan dhialek Blora uga akèh éntuk pengaruh saka basa Jawa Wetanan. Sakbeneré dhialèk Blora mono ya ora pati béda karo dhialèk Jawa Tengah liyane, mung ana sawetara istilah kang nyata nyata khas Blora, umpamané:

  • nDak iya “lèh”?? (kira kira pada karo “Masak iya sih”).
  • Piye “lèh” iki?? Kok “ogak” “mulèh-mulèh”, malah dha neng ngisor “greng”??
  • Nèng kéné hawané “anyep”, wetengku wis “lesu”.
  • Wis ndang di”genjong”, “engko” selak masuk angin.

(http://jv.wikipedia.org/wiki/Dhialek_Blora)

~ by imamblora on April 11, 2008.

One Response to “Dialek mBlora”

  1. ape artinye tu? kame’ tak paham :D

Leave a Reply